Pages

Jumat, 23 November 2012

Kawruh Basa Jawa

Ngoko Lugu

Titikanipun:
^ Sedaya tetembunganipun ngginakake basa ngoko.
 ^ Ater-ater lan panambang ngoko.
Dipun-ginakaken kangge:
-bocah sebaya.
-tiyang sepuh marang putranipun.
-tiyang ingkang sampun raket.
-tiyang ingkang mboten ngormati lawan wicantenanipun.
-tiyang ingkang saweg kesuh.


Ngoko Alus

 Titikanipun:
^ Tembung ngoko disarengi / dicampur kaliyan krama inggil.
^ Ater-ater lan panambang ngoko.
Dipun ginakaken kangge:
-tiyang dewasa kalih sesaminipun.
-tiyang ingkang relatif nem utawa sepuh ananging taksih wonten unsur ngormati.
 -tiyang nem marang tiyang sepuh.
-ibu marang bapak.

Krama Lugu

Titikanipun:
 ^ Tetembungan sedaya ngginakaken ragam krama.
Dipun ginakaken kagem:
 -tiyang ingkang nembe tepang.
-tiyang ingkang langkung sepuh marang tiyang nem.
-tiyang nem marang tiyang sepuh ananging mboten ngormati.
-sesami tiyang sepuh.

Krama Alus

Titikanipun:
^Sedaya ngginakaken ragam krama inggil.
 Dipun ginakaken kangge:
 -putra marang tiyang sepahipun.
-murid marang guru.
 -tiyang sepuh marang tiyang nem kanthi ancasipun ngormati.
-sesami tiyang sepuh.
 -tiyang ingkang sami ngormati.













2 komentar:

  1. matursuwun damel sinau kulo .kanthah lare jowo ingkang mboten saget boso jowo.termasuk kulo.salut,bangga tetap semangat,gambate,ciayo.ngleluri budoyo bongso.

    BalasHapus
  2. Apa bahasa krama alusnya menurut saya

    BalasHapus