Pages

Jumat, 23 November 2012

Cerita Pewayangan

Gathotkaca

Lair

Gathotkaca kuwi kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani". Nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrane Raden Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi putrane Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujude buta wadon (raseksi), nanging bareng diruwat dening Dewi Kunthi malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara (Bratasena) uga banjur gelem bebojoan karo Arimbi.

Bareng wis suwe anggone jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjure mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Dening eyang Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrane. Nuli dening ramane, Bratasena, jabang Tetuka banjur kaparingan nama Raden Gathotkaca, kersane Raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmase Dewi Arimbi) kang kekarone padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung gathotkaca tegese kumpuling kasantosan. Nalika lair nganti umur nembelas dina pusere jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep pusaka wujud apa wae. Nanging wusanane puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkane Pusaka Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duweke Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaelokane, wrangka Pusaka kuntha mau manjing ing pusere Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosane Gathotkaca. Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesane Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbe pusaka Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yen nganti pusaka Kunta diuwalake, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Laire Gathotkaca ngepasi karo dumadine ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka. Para dewa padha kocar-kacir amarga diamuk dening Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembat putihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthine iku diduwa (ditolak) dening para Dewa saengga ndadeake peperangan. Para dewa padha keplayu banjur golek "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadekake jagone para dewa, dimungsuhake Prabu Kala Pracona lan Patihe Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalane. Sadurunge diajokake ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para dewa didhawuhi dening Bathara Guru (tetungguling para dewa) supaya nlorongake gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajrone kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabe Gathotkaca banjur sinebut “satriya babaran kahyangan". Dening Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggone ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan, tandange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalane padha mati kabeh. Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumure jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.

Gugure

Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungane Adipati Karna. Panah kang diuwalake kuwi jan-jane ora tekan merga Gathotkaca abure wis ana sadhuwure mega sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung dening yitmane Ditya Kala Bendana, bapa-pamane Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dening ponakane iku, saengga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandane Gathotkaca kumleyang saka gegana nibani kretane Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Peranganing Baratayuda, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadine perang ing wayah bengi.

Dasanama

Dasanamane Gathotkaca iku miturut padhalangan : Kacanegara, Jabang Tetuka, Purubaya,Bimasiwi, Arimbiatmaja, Kancingjaya, Krincingwesi, Guritna, Guruputra, lan Suryanaradha.

Bojo lan Anake

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Garwane raja enom iku ana telu, yakuwi:
1. Dewi Sumpani utawa Dewi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena
2. Dewi Pregiwa putrine Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana
3. Dewi Suryawati peputra Raden Suryakaca
Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarke nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Paman lan Aji-Ajine

Gathotkaca kondhang sektine. Aji-ajine:


  • Narantaka = Daya khasiyate yen ditamakake gunung bisa jugrug lan segara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandane tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakake Raden Dursala kang dadi senapatine para Kurawa.
  • Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektene yen mateni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir gulune mungsuh nganti tugel.
  • Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektene: Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yen jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidene Angkatan Udhara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyane, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut.
  • Aji Brajadenta. Brajadenta asline pamane dhewe, nanging banjur manuksma mlebu ing epek-epeke Gathotkaca sing sisih tengen.
  • Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenenge pamane. Nalika palastra, rajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
  • Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamane. Nalika palastra manjing ing tangan tengene.
  • Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyane, Brajawikalpa kuwi seka pamane dhewe kang manjing dadi rajah ing geger.
Para pamane kang dadi aji-ajine, maune mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dening Gathotkaca. Ana salah sijining pamane kang mbela Gathotkaca, yaiku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipateni dening Gathotkaca amarga ngomong sanyatane ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

1 komentar:

  1. swuhrep dotopitono anenggih nagari pundi ingkah kaeko adidoso purwo.
    "bener po yo"jaman smp.

    BalasHapus